Kamis, 12 April 2012

Jeblok...


Nalika semana aku mlaku ana galengan. Sawah iku apik tenan. Ana cedhake, kepara 20 meteran madhep sawah ana air terjun. Nyenengake dolan ana kana. Ora eling wayah ora eling panggonan mau kaya apa. Aku sakanca nggolek panggon adoh meneh saka kono. Iyo, apike jan ora ketulungan. Ora bisa dicritakna. Amarga ora ati2, aku tiba. Sikilku kependhem lemah sawah. Abot tenan.. Arep taangkat mandar kabotan. Awakku ora kuat nyangga.. Makgedabruk.. Untunge nalika SD diajari pendaratan amatir lompat jauh, tanganku nemplek lemah. Pancen rada lara. Kancaku ngandhani mula aja nglamun, aja kesengsem endahe. Iyo kudu waspada.

Asline sawah ya kaya ngono iku jeblok ananging pancen jan apik tenan.Kanca2, yen ngapa-ngapa kudu eling lan waspada. JEBLOK bisa saparan-paran aneng uripmu, mula kudu ati2. Padha karo wong urip kudu ati2 lan waspada, aja lali dieling-eling pituture wong tuwa. Aja lali kudu bisa mileh lan milah sing pas sing bener bab kauripan. Kabeh mau dadi tanggungjawabe dhewek.. Apik elek lakune urip gumantung karo awake dhewe.. JEBLOK padha karo masalah lan panggoda... Mula kudu ati2 anggone mlaku...


 pernah dipost d fb yeni wijayanti

Tidak ada komentar:

Posting Komentar