Selasa, 11 September 2012

potelot diambil dari filosofi pengajaran dosen

Sodaraku, sehari tadi ada banyak pelajaran. Nanging aku kepencuet cariyos saking pak Dosen ... Kacarita manungsa iku kaya dene potelot? Ya potelot. Potelot piranti nggo nulis. Potelot kudu lancip utawa kudu pas kanggone nulis, yen bujel ora bisa dianggo. Iku kaya dene menungsa, kudu duwe sangu elmu kanggo urip lan kauripan. Potelot ora mung kayu ananging ana bijih potelote, yen pengen nganggo kudu diungkret dhisik. Dibayangke wae, manungsa kaya potelot, yen pengen sukses kudu sinau karo gladen, ora mung ujug2 bejo. Potelot ya ora mesti bener. Ana salahe. Kaya dene manungsa kudu bisa njaluk ngapura lan paring pangapura supaya luwih apik saka sadurunge. Potelot ora bisa mlaku dewe, kudu dilakokna manungsa. Kaya dene manungsa, ana ing kauripan, merlokake Asta kang Kuwasa Gusti Allah ana ing uripe. Merlokake pimpinanNE ing uripe... Potelot rega larang, apik lan sanese, durung karuwan kepenak lan migunani kanggo manungsa. Ya kuwi padha karo manungsa, rupa ayu ganteng, body apik, sugeh lan liya2ne yen kurang elmu lan ora gelem usaha ya padha wae. Pungkasan, potelot iku gunane kanggo nulis, gawe karya. Kaya manungsa ing uripe diparingi cipta, rasa dan karsa. Kuwi diparingi Gusti kareben bisa gawe produk, karya cipta. Mekaten petuah, piwulang ingkang sampun diparingi. Mugi2 sedaya ingkang maos saged nemokake faedahe. Monggo sami sinau saka potelot... Gusti berkahi.. Ice breaker_yenyenz dipostkaan di FB yeni wijayanti tgl 25 april 2012

Tidak ada komentar:

Posting Komentar