Kamis, 12 April 2012

ngoyak katresnan pungkasan


Rabu, 09 Maret 2011


Ngoyak Katresnan Sing Pungkasan
Panas lan pelite angin ngiring lakune pria sing arep nggudag bojone karo tresnane sing pungkasan. angkotan sing ditumpaki Suparno tekan ngarep omah cilik sing rada tuwa. Kaya kembang bakung sing ora kena banyu suwe, raine pindha wulan karipan. Mbuh wis pirang dina dheweke ora turu. Suparno muleh saka Jiran arep ngebarna masalahe. Pikirane wis ora pengen ngramut bab liya kejaba uripe lan bojone kaya pie. Ngoyak kareben cepet rampung lan balikan karo bojone. Dheweke bali ngomah wongtuwane, omah sing kawit bayi cenger dadi saksi uripe. Omahe pancen ora kaya omahe dhewe. Bapake sing wiwit mau nyawang raine anake mung meneng wae. Ora akeh sing ditakokna. Pak Likin ngerti yen anake lagi ketaton. Apa yaa iki jenenge ngunduh wohing panggawe?
Dhisik Pak Likin senengane yaa medok, ngombe lan saliyane. Malima jare wong jawa. Apa maneh dheweke tau dadi buronan rampok, begal, maling, judi, mateni lan ngrebut bojone uwong, nuroni prawan lan saliyane. Pak Likin rada keranta-keranta atine nyawang musibah sing disandhang anake. Wis piye maneh, bubur ora bisa dadi sega, wis kedarung keblanjur lan wis rekasa. Ora mung buronan malima, nanging petrus ( penembakan misterius) pancen pinter lan lunyu awake kaya ula, bisa lolos lunga Sumatra. Bareng pirang-pirang wulan lan taun, dheweke bali nyang ndesane. Saiki wohing klakuan eleke wus diunduh anake yaiku Suparno, ora mung iku wae, Suparno uga ora beda karo bapake. Suparno uga seneng medok uga seneng main ing Negarane tanggane.
Mulih-mulih uripmu kok ya keranta-ranta kaya mangkene, le…. Batin pak Solikin. Dheweke mung bisa meneng sadurunge anake nyapa, soale tabiate anake rada keras pancene. Pak Likin ngetokna wedang kanggo putrane, ora nganggo omong, wedang mau wis disruput Suparno entek kari ndeg-ndegane. “Pak, kula badhe nyuwun pirsa bab dhek Jumiati. Bapak mangertos? “, celathune Suparno mbuyarna panerawange Pak Likin.
“Nang, sing sabar yaa…. Jumiati lagi kena godha wektu iku. Wis suwi anggonmu ninngal dhewekke. Angger esok, Jum ngeterna Rinu mangkat sekolah. Ana sekolah kerep ketemu salah sijine guru lanang. Saben dina kaya ngono. Banjur kedadean iku rak bisa diedohi rak bisa kaselak ngono wae. Guru iku moh ngaku. Bapak ngerti, nanging piye maneh wis kedarung, Nang.” Wangsulan Pak Likin karo suwara serak. Suparno mung gedeg-gedeg ora bisa apa-apa.
“Nang, guru iku pancen ora urus, ora nyerminna guru sing patut ditiru. Guru iku kondhang kaya ngana. Kabeh pegawaine padha ora betah karo lelakone sing mangkono. Pinter agama, nanging martabate wis ora pati genep. Senengane nyenggol bokong lan tumindak liyane. Pancen wonge alus, ganteng, sugih duwe yayasan lan sekolahan. Pancen gagah lan cocok menawa disenengi wong wadon akeh.” Pocape tiyang sepuh ingkang ngrasakake uripe anake ketula-tula anggone omah-omah.
Solikin bapake Suparno banjur crita. Pak Solikin wis ora betah karo hawa sing ana ing anake saiki. Hawa kudu ngamuk, ora percaya, wis kesetanan atine nanging Supar dudu wong sing enteng tangan karo mungsuhe. Sareh lan alon-alon Pak Likin crita,” Nang, kowe karo bojonem iku wis taanggep pasangan sing paling ayem. Saiki omahmu wis gedhene pol.. ana motor sing kok tinggalna kanggo Jum. Ana fasilitas sing ora bisa koenggo kaya dhek jaman semana, nanging saiki kabeh mau beda. Bojomu kok tinggal suwi, dheweke urip wong loro karo Rinu. Jumi.. ta akoni ibu sing tanggung jawab, gelem nututke Rinu sekolah. Mangkat lan muleh, nang. Wis ancen garise Jum, dheweke ketemu karo baya slimutan wulu ula. Ora mung sji loro nang , sing kena godhane guru iku mau. Mung saiki sing konangan lagi Jum. Bapak ngerti mulihmu arep ngrembug bab iki, amarga mbah Suyatmi crita yen kowe arep bali ngomongna masalah iki. Padha dulure… dadi mbah Suyatmi critane yaa.. posisi dadi wong liya yaa… dulur.”
“Pak, kula pengen entuk katerangan luwih jelas.”sambunge Suparno.
“Iyo ,Nang.” Ngunjal ambegan dawa amarga masalah atine wong akeh. “Nang, Jumiati saiki wis duwe anak wadon saka guru iku. Benere Jumiati wis tau njaluk kepastian anake marang guru iku, nanging guru iku kuasa lan aweh pangancam. Jumiati crita karo bapak. Bapak ora bisa aweh pitutur akeh. Gur ta omongi, padha rembugana karo bojomu. Jumiati gela ,Nang. Gela, kenapa dheweke gelem nglakoni kaya ngana. Wis saiki kowe bisa njupuk dalan sing apik. Nek menawa bisa, mbo diawetna bojonan karo Jum.”pituture Pak Solokin marang putrane sing bagus dewe.
Wengi wis ngentrekki. Kabeh padha turu. Nanging ana ing kamar, Suparno mangu-mangu karo nyawang jendela njaba. Pikiranne kumlebat wewayanganne Jumiati. Apa yaa aku tegel karo anakku yen pegatan? Aku yaa ijeh tresna marang Jumiati, aku arep ngoyak katresnane sing pungkasan ora ape ta culke. Apa sing kudu dak lakokke? Nanging aku emoh urip karo anake wong sing wis ngrusak pikirku, ngrusak hubunganku. Duh Gusti paringana sih kawelasan kanggo aku lan anak bojoku. Pangarep-arepe Suparno ana ing jero ati sing jerit-jerit karo Gusti.
Pancen awake Suparno yaa kesel tenan, ditambah kabeh pikirane kumleyang ana ing Jumiati karo bayine. Suparno keturon nganti esuk. Gak krasa srengengene wis manasi mbun-mbunanne. Suparno jenggirat, banjur adus. Wis ora kober mangan. Ora let suwe, Suparno pamitan marang bapake arep menyang omahe.
Lakune mblarak sempal, lenggat lenggut kurang daya, ananging raine abang mbranang kudu ngamuk. Untung omahe saka omah bapake ora adoh. Dadi cepet tekan. Suparno mlebu omah, ketemu anake banjur padha ambung-ambungan. Ora suwe, Jum teka karo gendhong bayi wedok. Raine Suparno sing wis rada sareh dadi kudu ngamuk maneh.ora akeh omong ananging, Rinu anake di donna dikon mlebu kamar.
“Pie kabarmu ,dek?” sabar-sabar batinne Suparno karo ngucap mangkono.
“Sae, kang.” Sembunge maneh “kala napa mas dugi?” pocapane Jum rada lemes semu gela.
“Dhek wingi, iku anake sapa?” wangsulane Suparno.
“Iki… anakku.. mas.” Saurane Jum karo ukarane ora cetha lan pedot-pedot.
“Anakmu? Asil kumpul kebo? Apa bener yen kowe wis kumpul karo guru? Kapan? Banjur knapa kowe ora karo guru?”, takonane Suparno ora ana titik koma.
Atine Jumiati kumesar bareng ngerti pawakane bojone nyedak awakke. Awan-awan sing panase jumedet, angine ora pati akeh, wit-witan rada alom, nanging ora udan ora mendhung, bledek kaya nyamber awake Jumiati, dheweke ora bisa apa-apa ngadepi tekane bojone. Mencorong abang branang mripate Suparno, kaya-kaya macan luwe arep ngontal mangsane.
“Jawab Jum, aku wis pengen ngerti sauranem”, karo nggoyak awake Jumiati.
Saya ora bisa njawab, Jumiati ndredeg kabeh awake. Awake lungkrah niba ana ing kursi. Luh wis gremet-gremet ana sak kiwa tengenne mripate Jum. Jumiati mikir, ora ana gunane dijawab suwi. Pitakonne Suparno dijawab karo sambat ngampet mingseg-mingseg anggone nagis. Awake dikuat-kuatna.
“I…ya mas. Iku anake aku karo guru, nalika mas ana Jiran. Aku dewekan ana omah, Ustad dolan ana omah. Omah sepi, Rinu lagi kemah. Aku rada kesengsem karo ustad iku, amarga apikan, open lan setiti karo aku. Aku kepencut mas. Ustad pinter anggone ngemong aku. Aku kepencut melu ngetutke menyang kamar, jare mung arep ngomongan serasan. Njur, kuwi mas aku melu. Eee.. ana kamar, Ustad janji arep ngopeni aku, yen aku gelem karo dhewekke. Kabeh tembung-tembung manise metu, aku lali yen aku duwe bojo duwe anak. Amarga padha senenge, atiku seneng kaya diopeni dening bojoku.
Aku dewekan ijenan, mas ora nate bali. Sapa sii sing betah dewekan mas? Apa yaa mas bisa dewekan? Aku jujur mas, wektu iku aku kepencut. Nanging bar iku aku gelo. Nanging Ustad pinter mbombongke atiku maneh. Nanging saiki aku ngerti yen aku gur dikayakna permen karet bar dimut njur dilepeh. Anake ora diakoni, saiki aku isin marang wong lan karo mas.”omonge Jumiati akeh.
Sawise ngerti crita iku, Suparno sangsaya kuciwa. Atine kaya diiris-iris lara banget, nganging ora bisa apa-apa. Tanda-tanda ati panas wis saya katon. Ora bisa sabar maneh, Suparno mbukak omongan maneh, “Saiki jalukem piye? Arep kok buang anak haram iku apa bubaran tekan semene wae bojonan karo aku, Mi? Omonganne Supar wis ora bisa ngereh-ngereh nepsune sing kudune bisa digulung sithik-sithik ben ora saya ngamuk. Ambegane Supar wis ora bisa ngapa-ngapa. Mung kudu ngamuk wae sajake.
Supar ngomong eneh, “Umi, rungokna, aja mung nangis tok”.
Umi sing nangis mingseg-mingseg merga ora kuat nahan tangis lan isin karo bojone iku, kawit mau meneng wae. Merga krungu suara Supar sing kaya klakson motor dam truck sing momot padas iku, Umi kaget banjur jawab sabisane, “Aku isih tresno sampeyan,mas…”. Suarane ilang mung saya banter wae nangise.
Bingung atine Jumiati amarga Ustad Arifin sing sabenere pakane bayi wedok ora gelem ngakoni malah ngancam yen ngomong utawa nyebarna perkara iki, kluwargane lan sedulur-dulure bakal dipateni, anak bojone barang. Saiki ora mung iku tok, bingunge saya kaeh, Supar bojone ngakon dheweke milih anak apa bojo? Loro-lorone yaa sing ditresnani. Anak wadon sing during entuk jeneng saka bapake apa yaa.. kudu kepeksa ta buang? Aku iki ibune, apa yaa kudu ninggalna ing Pantiasuhan? Gene kok ora ta wenehna dulur-dulur wae? Jumiati eling yen urip karo Suparno, dheweke kudu bisa lali karo bayi wadon mau. Yen diwenehna dulure, besok gedhe mundak dadi abote atine Jumiati lan dadi watu sing ningsal-ningsali lakune urip bebojonan.
“Yen iku karepmu, mas. Amarga aku isih tresna lan eling karo Rinu, aku milih karo mas Parno wae. Anak iki ta buwang,” tangise Jum ngiring sujanane atine buwang anak lan mutusi omah-omah karo Parno.
Suparno gelem nampa Jumiati maneh kanti sarat ora bakal nemoni Ustad lan anake, nganggo tresnane sing pungkasan. Gedhe segara welas asihe Suparno marang Jumiati, ngereh-ereh lan momong atine Jum sing arep mbuwang anake. Suparno kanthi rila ngeterke bojone ngeterna anak ing Panti asuhan, nganggo sisa-sisa katresnane marang Jumiati. Katresnan pungkasane Suparno ngapus salahe Jumiati kanti sarat.
Nanging Jumiati atine sedih, yen saben dina bakal kelingan anak wadon sing lagi pirang-pirang wulan digendhong-gendhong. Nanging iki putusan sing apik, kanggoku, mas Parno lan kabeh.
Sapungkure saka panti asuhan iku mau, Jum karo Parno mulih menyang omahe. Wong loro mlaku nanging padha adoh-adohan. Sajake Parno isih gela marga bojone bisa nglakoni mangkono.
Ana omah, Parno lan Jum nyoba mbuwang kabeh kenangan sing ditinggalake anak sing saka asil selingkuh, ana dolanan, pakaian, sepatu, kuncir lan sakliyane. Upaya iku kanggo ngurangi kadadeyan sing ora dipengeni.
Nadyan mengono, Jum isih kerep ngundang-undang anak sing dibuwang ing njero ngimpine. Parno sing krungu gur meneng karo mbaten. Jum uga kerep nyebut jeneng pak Ustad ing saturone. Parno nyoba ngerteni ananging segara welase wis rada ora bisa nrima.
Wengi iku, Parno nggugah Jum, yaa.. ora, Jum dikongkon tangi. Jum ditinggal lunga tanpa omong apa-apa. Gur ditinggali surat sing unine, “Jum, kowe isih ora bisa nglalekna anak lan selingkuhanmu, aku ora bisa nerusake omah-omah iki. Wis kana bali yaa karo Ustad. Restuku ta wenehna kowe. Parno bojomu”.
Jum sujud luhe dleweran. Esuk-esuk Jum minggat lunga luru gawe. Sadurunge lunga anakke diweling, aja luru mbokne, mbok golek pangan, mben sasi ta kirim. Kowe melu bapak, Nu.”
Rinu njur nusul bapake lan urip karo bapake nganti dheweke bisa mandiri. Lan diuripi pakane uga karo dhuwite mbokne. Uripe Jumiati ora liya neng kutha sabrang dadi pembantu. Uripe ora beda saka lungane. Uripe tansah diubeg-ubeg ndarane, diseneni amarga dayane ora kaya dhisik, saiki awake wis rada tua, lunglit tok.
Beda karo Parno, uripe tandah seneng. Rinu sabar lan telaten karo bapake. Parno dadi wong tuwa sing oleh bakti saka Rinu, ora tanggung-tanggung. Awan lan wengi Rinu ngladeni, ngrumati karo nresnani bapake. Pancen yen meksa ngoyak katresnan sing pungkasan iku gak bakal bisa.
Oleh Parno mutusi wis apik, nadyan urip dhewe nanging atine ayem. Semono uga Jum ora nggelakake atine Parno. Jum luwih leluasa ngeling-eling priya sing disenengi.


Jumiati dan Suparno bebojoan, nduwe anak Rinu.
Suparno lelana ing negri Jiran.
Jumiati kerep ketemu Ustad Arifin, lan ora nyana Jumiati ana hubungan lan meteng.
Suparno ngerti, lan wenehi pilihan kanggo Jumiati milih urip wong loro apa cerai.


Nyumelet atine Jumiati wus jutul bun-bunan
Sujanane ati Jumiati
Panas-panas lan pelite angin ngiring lakune angkotan sing ditumpaki Suparno tekan ngarep omah cilik sing rada tuwa. Ngarep omah akeh kembang ceplok piring senengane mbokne. Kaya kembang bakung sing ora kena banyu suwe, raine pindha wulan karipan. Mbuh wis pirang dina dheweke ora turu. Bapake sing wiwit mau nyawang raine anake mung meneng wae. Ora akeh sing ditakokna. Pak Likin ngerti yen anake lagi ketaton. Apa yaa iki jenenge ngunduh wohing panggawe?
Dhisik Pak Likin senengane yaa medok, ngombe lan saliyane. Malima jare wong jawa. Apa maneh dheweke tau dadi buronan rampok, begal, maling, judi, mateni lan ngrebut bojone uwong, nuroni prawan lan saliyane. Pak Likin rada keranta-keranta atine nyawang musibah sing disandhang anake. Wis piye maneh, bubur ora bisa dadi sega, wis kedarung keblanjur lan wis rekasa. Ora mung buronan malima, nanging petrus ( penembakan misterius) pancen pintes lan awak kaya ula, bisa lolos lunga Sumatra. Bareng pirang-pirang wulan lan taun, dheweke bali nyang ndesane. Saiki wohing klakuan eleke wus diunduh anake yaiku Suparno, ora mung iku wae, Suparno uga ora beda karo bapake. Suparno uga seneng medok uga seneng main ing Negarane tanggane.
Mulih-mulih uripmu kok ya keranta-ranta kaya mangkene, le…. Batin pak Solikin. Dheweke mung bisa meneng sadurunge anake nyapa, soale tabiate anake rada keras pancene. Pak Likin ngetokna wedang kanggo putrane, ora nganggo omong, wedang mau wis disruput Suparno entek kari ndeg-ndegane. “Pak, kula badhe nyuwun pirsa bab dhek Jumiati. Bapak mangertos? “, celathune Suparno mbuyarna panerawange Pak Likin.
“Nang, sing sabar yaa…. Jumiati lagi kena godha wektu iku. Wis suwi anggonmu ninngal dhewekke. Angger esok, Jum ngeterna Rinu mangkat sekolah. Ana sekolah kerep ketemu salah sijine guru lanang. Saben dina kaya ngono. Banjur kedadean iku rak bisa diedohi rak bisa kaselak ngono wae. Guru iku moh ngaku. Bapak ngerti, nanging piye maneh wis kedarung, Nang.” Wangsulan Pak Likin karo suwara serak. Suparno mung gedeg-gedeg ora bisa apa-apa.
Nang, guru iku pancen ora urus, ora nyerminna guru sing patut ditiru. Guru iku kondhang kaya ngana. Kabeh pegawaine padha ora betah karo lelakone sing mangkono. Pinter agama, nanging martabate wis ora pati genep. Senengane nyenggol bokong lan tumindak liyane. Pancen wonge alus, ganteng, sugih duwe yayasan lan sekolahan. Pancen gagah lan cocok menawa disenengi wong wadon akeh.














Suparno muleh saka Jiran arep ngebarna masalahe. Dheweke bali ngomah wongtuwane, omah sing kawit bayi cenger dadi saksi uripe. Omahe pancen ora kaya omahe dhewe. Solikin bapake Suparno banjur crita. Pak Solikin wis ora betah karo hawa sing ana ing anake saiki. Hawa kudu ngamuk, ora percaya, wis kesetanan atine nanging Supar dudu wong sing enteng tangan karo mungsuhe. Sareh lan alon-alon Pak Likin crita,” Nang, kowe karo bojonem iku wis taanggep pasangan sing paling ayem. Saiki omahmu wis gedhene pol.. ana motor sing kok tinggalna kanggo Jum. Ana fasilitas sing ora bisa koenggo kaya dhek jaman semana, nangis saiki kabeh mau beda. kok tinggal suwi
Atine Jumiati kumesar bareng ngerti pawakane bojone saka kadohan nyedak omahe. Awan-awan sing panase jumedet, angina ora pati akeh, wit-witan rada alom, nanging ora udan ora mendhung, bledek kaya nyamber awake Jumiati, dheweke ora bisa apa-apa ngadepi tekane bojone sing wis ora tata maneh. Mencorong abang branang mripate Suparno, kaya-kaya macan luwe arep ngontal mangsane. Omah sing ngadeg jejeg ngedap-edapi gedhene lan wah apike nanging mung bisa dadi saksi bisune Suparno lan Jumiati anggone tukar padu.
“Saiki jalukem piye? Arep kok buang anak haram iku apa bubaran tekan semene wae bojonan karo aku, Mi? Omonganne Supar wis ora bisa ngereh-ngereh nepsune sing kudune bisa digulung sithik-sithik ben ora saya ngamuk. Ambegane Supar wis ora bisa ngapa-ngapa. Mung kudu ngamuk wae sajake. Supar ngomong eneh, “Umi, rungokna, aja mung nangis tok”.
Umi sing nangis mingseg-mingseg merga ora kuat nahan nangis lan isin karo bojone iku, kawit mau meneng wae. Merga krungu suara Supar sing kaya klakson motor dam truck sing momot padas iku, Umi kaget banjur jawab sabisane, “Aku isih tresno kangmas Supar…”. Suarane ilang mung saya banter wae nangise.










Bingung atine Jumiati amarga Ustad Arifin sing sabenere pakane bayi wedok ora gelem ngakoni malah ngancam yen ngomong utawa nyebarna perkara iki, kluwargane lan sedulur-dulure bakal dipateni, anak bojone barang. Saiki ora mung iku tok, bingunge saya kaeh, Supar bojone ngakon dheweke milih anak apa bojo? Loro-lorone yaa sing ditresnani. Anak wadon sing during entuk jeneng saka bapake apa yaa.. kudu kepeksa ta buang? Aku iki ibune, apa yaa kudu ninggalna ing Pantiasuhan? Gene kok ora ta wenehna dulur-dulur wae? Jumiati eling yen urip karo Suparno, dheweke kudu bisa lali karo bayi wadon mau. Yen diwenehna dulure, besok gedhe mundak dadi abote atine Jumiati lan dadi watu sing ningsal-ninsali lakune urip bebojonan.


Nama : Yeni Wijayanti
NIM 2102408030


Ngoyak Katresnan Sing Pungkasan


Panas lan pelite angin ngiring lakune pria sing arep nggudag bojone karo tresnane sing pungkasan. angkotan sing ditumpaki Suparno tekan ngarep omah cilik sing rada tuwa. Kaya kembang bakung sing ora kena banyu suwe, raine pindha wulan karipan. Mbuh wis pirang dina dheweke ora turu. Suparno muleh saka Jiran arep ngebarna masalahe. Pikirane wis ora pengen ngramut bab liya kejaba uripe lan bojone kaya pie. Ngoyak kareben cepet rampung lan balikan karo bojone. Dheweke bali ngomah wongtuwane, omah sing kawit bayi cenger dadi saksi uripe. Omahe pancen ora kaya omahe dhewe. Bapake sing wiwit mau nyawang raine anake mung meneng wae. Ora akeh sing ditakokna. Pak Likin ngerti yen anake lagi ketaton. Apa yaa iki jenenge ngunduh wohing panggawe?
Dhisik Pak Likin senengane yaa medok, ngombe lan saliyane. Malima jare wong jawa. Apa maneh dheweke tau dadi buronan rampok, begal, maling, judi, mateni lan ngrebut bojone uwong, nuroni prawan lan saliyane. Pak Likin rada keranta-keranta atine nyawang musibah sing disandhang anake. Wis piye maneh, bubur ora bisa dadi sega, wis kedarung keblanjur lan wis rekasa. Ora mung buronan malima, nanging petrus ( penembakan misterius) pancen pinter lan lunyu awake kaya ula, bisa lolos lunga Sumatra. Bareng pirang-pirang wulan lan taun, dheweke bali nyang ndesane. Saiki wohing klakuan eleke wus diunduh anake yaiku Suparno, ora mung iku wae, Suparno uga ora beda karo bapake. Suparno uga seneng medok uga seneng main ing Negarane tanggane.
Mulih-mulih uripmu kok ya keranta-ranta kaya mangkene, le…. Batin pak Solikin. Dheweke mung bisa meneng sadurunge anake nyapa, soale tabiate anake rada keras pancene. Pak Likin ngetokna wedang kanggo putrane, ora nganggo omong, wedang mau wis disruput Suparno entek kari ndeg-ndegane. “Pak, kula badhe nyuwun pirsa bab dhek Jumiati. Bapak mangertos? “, celathune Suparno mbuyarna panerawange Pak Likin.
“Nang, sing sabar yaa…. Jumiati lagi kena godha wektu iku. Wis suwi anggonmu ninngal dhewekke. Angger esok, Jum ngeterna Rinu mangkat sekolah. Ana sekolah kerep ketemu salah sijine guru lanang. Saben dina kaya ngono. Banjur kedadean iku rak bisa diedohi rak bisa kaselak ngono wae. Guru iku moh ngaku. Bapak ngerti, nanging piye maneh wis kedarung, Nang.” Wangsulan Pak Likin karo suwara serak. Suparno mung gedeg-gedeg ora bisa apa-apa.
“Nang, guru iku pancen ora urus, ora nyerminna guru sing patut ditiru. Guru iku kondhang kaya ngana. Kabeh pegawaine padha ora betah karo lelakone sing mangkono. Pinter agama, nanging martabate wis ora pati genep. Senengane nyenggol bokong lan tumindak liyane. Pancen wonge alus, ganteng, sugih duwe yayasan lan sekolahan. Pancen gagah lan cocok menawa disenengi wong wadon akeh.” Pocape tiyang sepuh ingkang ngrasakake uripe anake ketula-tula anggone omah-omah.
Solikin bapake Suparno banjur crita. Pak Solikin wis ora betah karo hawa sing ana ing anake saiki. Hawa kudu ngamuk, ora percaya, wis kesetanan atine nanging Supar dudu wong sing enteng tangan karo mungsuhe. Sareh lan alon-alon Pak Likin crita,” Nang, kowe karo bojonem iku wis taanggep pasangan sing paling ayem. Saiki omahmu wis gedhene pol.. ana motor sing kok tinggalna kanggo Jum. Ana fasilitas sing ora bisa koenggo kaya dhek jaman semana, nanging saiki kabeh mau beda. Bojomu kok tinggal suwi, dheweke urip wong loro karo Rinu. Jumi.. ta akoni ibu sing tanggung jawab, gelem nututke Rinu sekolah. Mangkat lan muleh, nang. Wis ancen garise Jum, dheweke ketemu karo baya slimutan wulu ula. Ora mung sji loro nang , sing kena godhane guru iku mau. Mung saiki sing konangan lagi Jum. Bapak ngerti mulihmu arep ngrembug bab iki, amarga mbah Suyatmi crita yen kowe arep bali ngomongna masalah iki. Padha dulure… dadi mbah Suyatmi critane yaa.. posisi dadi wong liya yaa… dulur.”
“Pak, kula pengen entuk katerangan luwih jelas.”sambunge Suparno.
“Iyo ,Nang.” Ngunjal ambegan dawa amarga masalah atine wong akeh. “Nang, Jumiati saiki wis duwe anak wadon saka guru iku. Benere Jumiati wis tau njaluk kepastian anake marang guru iku, nanging guru iku kuasa lan aweh pangancam. Jumiati crita karo bapak. Bapak ora bisa aweh pitutur akeh. Gur ta omongi, padha rembugana karo bojomu. Jumiati gela ,Nang. Gela, kenapa dheweke gelem nglakoni kaya ngana. Wis saiki kowe bisa njupuk dalan sing apik. Nek menawa bisa, mbo diawetna bojonan karo Jum.”pituture Pak Solokin marang putrane sing bagus dewe.
Wengi wis ngentrekki. Kabeh padha turu. Nanging ana ing kamar, Suparno mangu-mangu karo nyawang jendela njaba. Pikiranne kumlebat wewayanganne Jumiati. Apa yaa aku tegel karo anakku yen pegatan? Aku yaa ijeh tresna marang Jumiati, aku arep ngoyak katresnane sing pungkasan ora ape ta culke. Apa sing kudu dak lakokke? Nanging aku emoh urip karo anake wong sing wis ngrusak pikirku, ngrusak hubunganku. Duh Gusti paringana sih kawelasan kanggo aku lan anak bojoku. Pangarep-arepe Suparno ana ing jero ati sing jerit-jerit karo Gusti.
Pancen awake Suparno yaa kesel tenan, ditambah kabeh pikirane kumleyang ana ing Jumiati karo bayine. Suparno keturon nganti esuk. Gak krasa srengengene wis manasi mbun-mbunanne. Suparno jenggirat, banjur adus. Wis ora kober mangan. Ora let suwe, Suparno pamitan marang bapake arep menyang omahe.
Lakune mblarak sempal, lenggat lenggut kurang daya, ananging raine abang mbranang kudu ngamuk. Untung omahe saka omah bapake ora adoh. Dadi cepet tekan. Suparno mlebu omah, ketemu anake banjur padha ambung-ambungan. Ora suwe, Jum teka karo gendhong bayi wedok. Raine Suparno sing wis rada sareh dadi kudu ngamuk maneh.ora akeh omong ananging, Rinu anake di donna dikon mlebu kamar.
“Pie kabarmu ,dek?” sabar-sabar batinne Suparno karo ngucap mangkono.
“Sae, kang.” Sembunge maneh “kala napa mas dugi?” pocapane Jum rada lemes semu gela.
“Dhek wingi, iku anake sapa?” wangsulane Suparno.
“Iki… anakku.. mas.” Saurane Jum karo ukarane ora cetha lan pedot-pedot.
“Anakmu? Asil kumpul kebo? Apa bener yen kowe wis kumpul karo guru? Kapan? Banjur knapa kowe ora karo guru?”, takonane Suparno ora ana titik koma.
Atine Jumiati kumesar bareng ngerti pawakane bojone nyedak awakke. Awan-awan sing panase jumedet, angine ora pati akeh, wit-witan rada alom, nanging ora udan ora mendhung, bledek kaya nyamber awake Jumiati, dheweke ora bisa apa-apa ngadepi tekane bojone. Mencorong abang branang mripate Suparno, kaya-kaya macan luwe arep ngontal mangsane.
“Jawab Jum, aku wis pengen ngerti sauranem”, karo nggoyak awake Jumiati.
Saya ora bisa njawab, Jumiati ndredeg kabeh awake. Awake lungkrah niba ana ing kursi. Luh wis gremet-gremet ana sak kiwa tengenne mripate Jum. Jumiati mikir, ora ana gunane dijawab suwi. Pitakonne Suparno dijawab karo sambat ngampet mingseg-mingseg anggone nagis. Awake dikuat-kuatna.
“I…ya mas. Iku anake aku karo guru, nalika mas ana Jiran. Aku dewekan ana omah, Ustad dolan ana omah. Omah sepi, Rinu lagi kemah. Aku rada kesengsem karo ustad iku, amarga apikan, open lan setiti karo aku. Aku kepencut mas. Ustad pinter anggone ngemong aku. Aku kepencut melu ngetutke menyang kamar, jare mung arep ngomongan serasan. Njur, kuwi mas aku melu. Eee.. ana kamar, Ustad janji arep ngopeni aku, yen aku gelem karo dhewekke. Kabeh tembung-tembung manise metu, aku lali yen aku duwe bojo duwe anak. Amarga padha senenge, atiku seneng kaya diopeni dening bojoku. Aku dewekan ijenan, mas ora nate bali. Sapa sii sing betah dewekan mas? Apa yaa mas bisa dewekan? Aku jujur mas, wektu iku aku kepencut. Nanging bar iku aku gelo. Nanging Ustad pinter mbombongke atiku maneh. Nanging saiki aku ngerti yen aku gur dikayakna permen karet bar dimut njur dilepeh. Anake ora diakoni, saiki aku isin marang wong lan karo mas.”omonge Jumiati akeh.
Sawise ngerti crita iku, Suparno sangsaya kuciwa. Atine kaya diiris-iris lara banget, nganging ora bisa apa-apa. Tanda-tanda ati panas wis saya katon. Ora bisa sabar maneh, Suparno mbukak omongan maneh, “Saiki jalukem piye? Arep kok buang anak haram iku apa bubaran tekan semene wae bojonan karo aku, Mi? Omonganne Supar wis ora bisa ngereh-ngereh nepsune sing kudune bisa digulung sithik-sithik ben ora saya ngamuk. Ambegane Supar wis ora bisa ngapa-ngapa. Mung kudu ngamuk wae sajake. Supar ngomong eneh, “Umi, rungokna, aja mung nangis tok”.
Umi sing nangis mingseg-mingseg merga ora kuat nahan nangis lan isin karo bojone iku, kawit mau meneng wae. Merga krungu suara Supar sing kaya klakson motor dam truck sing momot padas iku, Umi kaget banjur jawab sabisane, “Aku isih tresno sampeyan,mas…”. Suarane ilang mung saya banter wae nangise.
Bingung atine Jumiati amarga Ustad Arifin sing sabenere pakane bayi wedok ora gelem ngakoni malah ngancam yen ngomong utawa nyebarna perkara iki, kluwargane lan sedulur-dulure bakal dipateni, anak bojone barang. Saiki ora mung iku tok, bingunge saya kaeh, Supar bojone ngakon dheweke milih anak apa bojo? Loro-lorone yaa sing ditresnani. Anak wadon sing during entuk jeneng saka bapake apa yaa.. kudu kepeksa ta buang? Aku iki ibune, apa yaa kudu ninggalna ing Pantiasuhan? Gene kok ora ta wenehna dulur-dulur wae? Jumiati eling yen urip karo Suparno, dheweke kudu bisa lali karo bayi wadon mau. Yen diwenehna dulure, besok gedhe mundak dadi abote atine Jumiati lan dadi watu sing ningsal-ningsali lakune urip bebojonan.
“Yen iku karepmu, mas. Amarga aku isih tresna lane ling karo Rinu, aku milih karo mas Parno wae. Anak iki ta buwang,” tangise Jum ngiring sujanane atine buwang anak lan mutusi omah-omah karo Parno.
Suparno gelem nampa Jumiati maneh kanti sarat ora bakal nemoni Ustad lan anake, nganggo tresnane sing pungkasan. Gedhe segara welas asihe Suparno marang Jumiati, ngereh-ereh lan momong atine Jum sing arep mbuwang anake. Suparno kanti rila ngeterke bojone ngeterna anak ing Panti asuhan, nganggo sisa-sisa katresnane marang Jumiati. Katresnan pungkasane Suparno ngapus salahe Jumiati kanti sarat. Nanging Jumiati atine sedih, yen saben dina bakal kelingan anak wadon sing lagi pirang-pirang wulan digendhong-gendhong. Nanging iki putusan sing apik, kanggoku, mas Parno lan kabeh.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar